Tuesday, August 29, 2017

CONTOH "UNSUR INTRINSIK CERKAK"


ADHIKU...!
Anggitanipun : Agus Kurniawan
Panjebar Semangat, 23, 23 Februari 2008
Unsur Intrinsik :
1.      Udheraning cariyos : keluarga
2.      Paraga / watak :
Ø  Rosid : wicaksana “ Tangan kiwa nyangking tas isi oleh-oleh kanggo Bapak lan Emak, uga Rodi lan Romlah.”
Ø  Rodi : pecicilan lan srakah
“Panggaweane mung kluyuran, main, dolanan wedokan, ombe-ombenan.”
“Nanging kabeh wis dientekake kang Rodi.”
Ø  Romlah : manut marang wong tuwa “Emak banjur ngakon Romlah nggodhog banyu. Saliyane dienggo gawe wedang, uga dienggo ngresiki tatuku.:
Ø  Emak : wicaksana “Emak ngeterke aku mlebu kamare Rodi .”
Ø  Bapak : rekasa “Bapak biyen pancen pendhekar pencak.”
3.      Sudhut pandhang pangripta : tiyang kaping satunggal, amarga pangripta dadi paraga utama ing crita
4.      Latar / setting :
·         Papan : ing dalan lan omah
 “Isih sekilo maneh, dalan sing kudu dak lieati kanthi mlaku turut dalan kang peteng.”
“Lawang omah dak thothok alon.”
·         Wekdal : bengi lan isuk
“..., dalan sing kudu dak liwati kanthi mlaku turut dalan kang peteng.”
“Sesuke, swarane jago luruk nggugah anggonku turu.”
·         Kawontenan : medeni lan seneng
“Pawongan kuwi njangkah mengarep karo nyabetake clurite.”
“Keprungu swaraku, sakala Emak mencolot nubruk lan ngekep awakku, sinambi tetangis.”
5.      Alur : majeng, amarga urut runtut dicritakake sebabe terus diakhirake kesimpulan
6.      Lelawaning basa :
Ø  Ngracuni saranduning awak
Ø  Padha karo ngenteni tibane ndaru
7.      Pitutur :
Ø  Boten pareng ngombe alkohol
Ø  Kedah remen tetulung

Ø  Kedah manut pituture wong tuwa sing apik

0 comments:

Post a Comment